Materi Bahasa Jawa Teks Pawarta Kelas X

 

PAWARTA



1.      Pangertene  Pawarta

Pangertene pawarta miturut ahli-ahli:

a.       Earl English lan Clarence Hach pawarta iku angel ditegesi amarga ngemot variabel kang akeh.

b.      Nothclife ngandharake pangreten pawarta babagan unsur keanehan utawa ketidaklaziman, mula bisa gawe narik kawigaten lan rasa kepengin ngreti.

c.       M. Lyle Spencer dkk ngandharake pawarta yaiku laporan babagan sawijining kadadeyan kang bisa narik kawigaten pamaose.

d.      Mitchel V. Charnley ngandharake pawarta yaiku laporan paling cepet saka sawijining kadadeyan utawa prastawa kang faktual, penting, lan narik saperangan gedhe pamaose, sarta magepokan karo kebutuhnae pamaose.

Saking pangreten para ahli saged didudud yaiku informasi anyar utawa informasi ngennani sawijining prastawa kang dumadi, diwartakake lumantar wujud cetak, siaran, internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng.

Pawarta duwe titenan (ciri-ciri), yaiku:

a.    Tinemu ing akan (penalaran logis)

b.    Informasi pepak kang jumbuh karo rumus 5W + 1H

c.    Struktur basa trep

d.   Diksi trep ora ambigu

e.    Narik kawigaten

f.     Basa kang nengsemake

 

2.      Perangane Teks Pawarta

Headline (judul/irah-irahan)

Headline yaiku irah-irahan kang gunane kanggo : (1) nggampangake pamaca ngreteni pawarta kang bakal diwaca, (2) nuduhake pawarta kang dianggep penting kanthi variasi aksara utawa gambar.

Deadline

Ancas deadlineyaiku nuduhake papan kedadeyan lan jeneng media massa. Mula perangan iki nyebut jeneng media massa, papan lan tanggal kedadeyan.

Lead (teras pawarta)

Lead biyasane katulis ing wiwitan pawarta/ing paragraf kapisan. Bab iku tinulis amarga minangka perangan kang wigati saka pawarta, kang nemtokake saripati pawarta, lan nggambarake sakabehe pawarta

Body (tubuh/surasane pawarta)

Surasane nyritakake prastawa kang diwartakake kanthi basa kang cekak, aos, lan cetha. Kanthi mangkono body minangka pangembange pawarta.

 

3.      Unsur2 Pawarta

Unsur-unsur/kaidah/struktur  pawarta bisa ditulis  dadi 5W  + 1H, yaiku:        

a.       What   : kadadean apa sing diwartakake

b.      Who    : sapa sing ana ing sajroning kadadean iku

c.       When   : kapan kadadeane

d.      Where  : ing ngendi kadadeane

e.       Why    : genea bisa kadadean mangkono

f.       How    : kepriye kadadeane

 

 

 

 

 

 

 

Tuladha analisis unsur pawarta:

Solo Punjering Gamelan kang Adiluhung

 

Warga Kutha Solo dadi seksi pahargyan ageng seni budaya kanthi irah-irahan Internasional Gamelan Festival (IGF) kang kawiwitan dina iki, Kemis (9/8/2018) tumeka Kemis (16/8/2018). Pagelaran kang ngangkat tema, Home Coming utawa gamelan bali mulih ing papan asale, bakal karegengake udakara sewu pangrawit lan satusan pepanthan karawitan saka njeron rangkah Nusantara lan mancanegara.

Miturut panitya pagelaran IGF, ana 19 pepanthan karawitan saka mancanegara kang kapesthekake bakal mamerake kawegigan nabuh gamelan. Bisa kasebut ing antarane saka Inggris, Walanda, Amerika Serikat, Hungaria, Thailand, Singapura, Irlandia, Malaysia, lan Jepang. Dene karawitan saka njeron rangkah ana 47 pepanthan, kalebu karawitan Kasultanan Cirebon; Banjar, Kalimantan Selatan; Solo, lan Ngayogyakarta. Saliyane iku katambah 73 pepanthan kang bakal mbuka adicara ing dina Kemis Sore.

Salah sawijining dewan kurator IGFJoko S Gombloh, nalika ditemoni solopos.com, Jemuah (13/7/2018), ngandharake bakal ana sangang panggung pagelaran kang kasebar ing papan-papan adhakan ing Kutha Solo. Kasebutake, kayata ing Benteng Vastenburg, Balai Kota, Teater Besar lan Kecil Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, Balai Sudjatmoko, Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT), Aula Fakultas Hukum UNS, Rumah Banjarsari, lan Omah Sinten.

Ora amung pagelaran karawitan wae kang bakal kababar ing IGF, ananging uga ana rerangken adicara ngenani budaya, kayata konferensi, pameran, anjangsana situs, film, babaran buku, lan sastra. “Ing festival agung iki ora amung nggelar karawitan. Nanging ana pirang-pirang adicara liya kang kaangkah kabeh bisa narik kawigatene warga. Adicara iki pancen nguras tenaga. Kabeh kasiyapake luwih saka setahun kepungkur,” tuture Joko.

 Jaman saiki akeh seniman manca kang nyinau lan gladhen gamelan. Saiki wancine gamelan bali mulih ing papane. Adicara iku uga bukti menawa Kutha Solo diakoni dadi punjering gamelan. Pirang-pirang pangrawit kang asmane kuncara lahir ing Kutha Solo, ing antarane Rahayu Supanggah. “Muga-muga adicara iki bisa ana sumbang sih saka budaya gamelan marang rasa kamanungsan lan peradaban donya ing jaman saiki lan sabanjure.”

Analisis unsur-unsur pawarta:

a.       What: pahargyan ageng seni budaya kanthi irah-irahan Internasional Gamelan Festival (IGF)

b.      Who: Joko S Gombloh Salah sawijining dewan kurator IGF

c.       When: Kemis (9/8/2018) tumeka Kemis (16/8/2018).

d.      Where: adicara IGF kasebar ing papan-papan adhakan ing Kutha Solo kayata Benteng Vastenburg, Balai Kota, Teater Besar lan Kecil Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, Balai Sudjatmoko, Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT), Aula Fakultas Hukum UNS, Rumah Banjarsari, lan Omah Sinten.

e.       Why: adicara IGF dilaksanakake amargi kathat seniman manca kang nyinau lan gladhen gamelan. Saliyane kuwi uga kanggo bukti menawa Kutha Solo diakoni dadi punjering gamelan.

f.       How: Ora amung pagelaran karawitan wae kang bakal kababar ing IGF, ananging uga ana rerangken adicara ngenani budaya, kayata konferensi, pameran, anjangsana situs, film, babaran buku, lan sastra.

 

4.      Teknik Maca Pawarta

Sajroning macakake pawarta mbutuhake kaprigelan/teknik supaya kang ngrungokake isa rumangsa seneng lan pawartane gampang dingreteni. Kaprigelan/teknik kasebut kaya andharan iki.

a.       Nggunakake pangucap kang trep

b.      Pamedhote frasa kang trep

c.       Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep

d.      Ngreteni tandha wacan kanthi trep

e.       Swara kang cetha

f.       Ekspresi kang trep

g.      Ngatur alon lan cepete pamaca

h.      Ngolah treping mlebu wetuning napas

i.        Mahami wacan

j.        Percaya marang dhiri pribadi

5.      Teknik nulis pawarta

a.       Pengorganisasian/ngumpulake fakta/data. Data ing kene bisa awujud wawan rembug (wawancara), kadadeyan langsung, utawa data-data tinulis.

b.      Nemtokake teras berita (lead)

c.       Milih tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang runtut aja molak-malik supaya ora mbingungake pamiyarsane.

d.      Ngawiti nulis kanthi temenan.

 

6.      Unggah-Ungguh Basa

Pawarta basa Jawa bisa ditulis nganggo ragam ngoko lan krama. Mula setitekna andharan unggah-ungguh basa ing ngisor iki!

Miturut Sudaryanto unggah- ungguh kapreang dados kalih, yaiku: ngoko lan krama. Ngoko kaperang malih dados ngoko/ngoko lugu lan ngoko alus. Krama kaperang malih dados krama lugu lan krama alus

1.         NGOKO/NGOKO LUGU

               KABEH TEMBUNGE NGOKO         

Kanggone:

         Sapadha-padha kang wis kulina

         Bocah karo bocah

         Wong tuwa marang bocah

         Guneman dhewe

Tuladha:

         Paijo: “Kowe mulih jam pira?”

         Bejo : “Wah...ketoke wengi!”

 

2.         NGOKO ALUS

TEMBUNGE NGOKO (awake dhewe) DICAMPUR  KRAMA INGGIL (sing diajak guneman)

 

Kanggone:

         Padha tuwane (ibu marang bapak)

         Wong tuwa marang wong enom sing drajate luwih dhuwur  (piyayi sepuh marang pak bayan isih enom)

         Priyayi padha priyayi sing wis kulina

Tuladhane:

         Ibu : “Wis dahar durung, Pakne?” (Ngoko alus)

         Pak : “Uwis mau dijajakne Pak Tentrem.”

 

3.         KRAMA/KRAMA LUGU

KABEH TEMBUNGE KRAMA

Kanggone:

         Wong kang nembe tetepungan

         Wong tuwa marang wong enom kang isih diajeni (wong tuwa marang putrane pak lurah sing luwih enom)

         Wong enom marang wong tuwa nanging ura pati ngajeni (raden marang abdine)

Tuladhane:

         Budhe: “Mbak Sekar, sampeyan sampun tumbas buku?” (Krama)

         Sekar: “Dereng, Budhe, mangke sonten mawon.” (Putrane  Pak Lurah)

4.         KRAMA ALUS

TEMBUNGE KRAMA INGGIL (diajak guneman) KACAMPUR KRAMA (awake dewe)

 

Kanggone:

         Bocah marang wong tuwa

         Andhahan marang dhuwuran

Tuladhane:

         Siswa: “Sugeng siang, Kundur Pak? Kula nggih badhe mantuk.”

         Pak Guru: “Iya...sing ati-ati anggone nitih motor.”

Komentar